Selasa, 17 November 2009

Geger lan Ger-e Basa Jawa

Bandung Mawardi

Gedung Mahkamah Konstitusi, 3 November 2009, dadi saksi kasus gede sing gawe mumet presiden nganti bakul wedangan. Rekaman sing disetel gawe gregetan lan mangkel, amarga negara iki kebak masalah, pejabat ora genah, lan akeh masalah susah diudari. Rekaman sing dirungoke lan ditonton bareng saka siaran televisi pancen gawe ngantuk lan kesel, nanging akeh banget perkara-perkara wigati sing kudu dipikir tenanan.

Lha sing gawe kaget nalikane ngrungoke rekaman mau, pitakone Menkumham Patrialis Akbar, sing dudu wong Jawa. Akeh rekaman sing nggunake basa Jawa. Patrialis Akbar orang mudeng, banjur menehi pitakonan marang Ketua Mahkamah Konstitusi, manawa deweke mbutuhke terjemahan. Mahfud MD sing dadi pimpinan acara ana Gedung Mahkamah Konstitusi banjur menehi keterangan, bakal ana edaran wujud tulisan. Bab basa Jawa sakjroning rekaman pancen dudu dadi tanggung jawabe, nanging Mahfud ngandake menawa Patrialis Akbar bisa takon marang asistene sing wong Jawa lan mudeng basa Jawa.

Pitakone Menkumham pancen lumrah, amarga sing melu ngrungoke rekaman lan sing nonton acara saka televisi ora kabeh wong Jawa. Wong-wong sing padha omongan ana rekaman kala-kala nganggo basa Jawa. Anane basa Jawa iki ndadeke wong padha bingung lan ora mudeng. Perkara iki menehi pesen sing wigati, basa Jawa sakjroning jagat politik lan hukum Indonesia bisa dadi tenger manawa pengaruh Jawa pancen wis ngresep jero.

Soeharto nalika dadi panguwasa nalika samana sugih ukara sing dikandake nganggo basa Jawa, sanajan ukara kuwi karepe kanggo wong akeh. Soeharto pancen luwes nganggo basa Jawa, amarga sinau sregep babagan kabudayan Jawa. Basa Jawa banjur nduweni sifat politis. Anane sifat politis iki dadi bukti politik Indonesia ora bisa dipisahke karo kabudayan Jawa. Ben Anderson kerep ngandakke, kabudayan lan bahasa Jawa iku dadi salah sijining lambaran ngadekke pamerintahan Indonesia.

Basa Jawa pancen dinggo wong akeh, sanajan ora ditetepke dadi basa resmi kanthi undang-undang. Para pejabat sing akeh wong Jawa, banjur nduweni sarana ngrembuk politik nganggo basa campuran, basa Indonesia lan basa Jawa. Ukara-ukara basa Jawa gampang dadi jargon lan sarana nglakoke roda pemerintahan. Basa Jawa sing kondhang basa rasa banjur nduweni kekuatan politis. Basa Jawa bisa dadi penting nalika dikandake wong-wong sing padha nduwe jabatan lan kondang.

Nganggo basa Jawa sakjroning politik utawa lakune pemerintahan pancen ora gampang. Orde Baru menehi warisan-warisan sing angel dibacutke utawa dilalekake. Jaman saiki basa Jawa nasibe bedha karo jaman Orde Baru. Presiden Indonesia sing saiki wis ora akeh maneh nganggo basa Jawa nalika menehi katrangan masalah politik, sanajan Susilo Bambang Yudhoyono iku wong Jawa.

Kahanan sing bedha iki ditafsirke bedha karo para gubernur, bupati, lan walikota sing nduwe karep gedhe nguri-nguri kabudayan lan basa Jawa. Basa Jawa ora cukup mung dadi mata pelajaran, nanging kudu diajarke kanthi tenanan kanggo para pejabat lan pegawai pemerintahan. Gubernur Yogyakarta gawe keputusan manawa basa Jawa dadi basa sesrawungan ana pamerintahan. Bupati Karangayar uga gawe keputusan saben seminggu sepisan para pejabat lan pegawai kudu nganggo basa Jawa nalikane ana kantor lan sekolahan. Karepe basa Jawa bisa ngelingke wong Jawa, sanajan urip bebrayan karo wong bedha etnis sakjroning Indonesia, ora kudu nyingkiri basa Jawa.

Akeh sing padha kewuhan nganggo basa Jawa nalika gawe laporan utawa srawung ana kantor lan sekolahan. Basa Jawa krama lan ngoko kala-kala gawe wong kudu pinter-pinter mbedake kahanan lan mudeng sapa sing diadhepi nalika rembukan. Sesrawungan nganggo basa Jawa krama iku orang gampang, sanajan wis diajari basa Jawa nalika ana ngomah lan sekolah. Nganggo basa Jawa mbutuhake keluwesan. Sinau basa Jawa krama ora bisa mung dadakan. Ora mudheng basa Jawa krama apa bisa diarani durung Jawa? Nganggo basa Jawa ngoko dianggep luwih gampang, nanging akeh sing ngarani kudu trep karo kahanan.

Babagan basa Jawa sakjroning politik lan pemerintahan ora bisa diarani sepele. Basa Jawa sing diuri-uri para pejabat lan pegawai pemerintahan pancen ora mungkin dadi cara sing ampuh. Kahanan zaman saiki ora kaya mbiyen sing gampang nganggo ukara-ukara Jawa lawas. Piye carane arep rembukan masalah politik sing akeh ukara njlimet diterjemahke nganggo basa Jawa? Ukara-ukara sing wis dianggep lumrah apa mesti kudu dadi basa Jawa: administrasi politik, kompleksitas birokrasi, supremasi hukum, kriminalisasi institusi, koalisi politik, utawa oposisi.

Nganggo basa Jawa bisa dadi tenger manawa wong Jawa isih nduweni karep nguri-nguri kabudayan Jawa, sanajan ora kudu dilakoni kanthi kaku. Basa Jawa pancen tenger kabudayan, nanging nalika urip sesrawungan ana jagat politik lan hukum ora bisa dipeksake kudu ana. Basa Jawa ora gampang didadeke sarana sesrawungan kanggo ngurusi masalah-masalah negara. Anane basa Jawa sakjroning rekaman Anggodo lan kanca-kancane mung ngelingke manawa basa Jawa bisa mbingungke wong akeh. Para pejabat, jaksa, pengacara, polisi, hakim bingung amarga ora kabeh wong Jawa.

Nalika nonton Patrialis Akbar sing bingung, gawe guyu lan gumun. Basa Jawa jebule gawe geger lan ger. Akeh wong bingung. Akjeh wong ngguyu. Apa jarakan ora mudeng Patrialis Akbar nganti ngantuk banjur turu? Pancen ngrungoke rekaman kuwi ora dibarengi nganggo kopi, teh, utawa gorengan. Beda karo lakone wong-wong sing seneng ngrungoke acara radio: dagelan Basio, klenengan, campursari, dagelan Junaedi, wayang kulit, sandiwara, utawa kethoprak Mataram. Ngurngoke mbutuhake ngelmu sing ora gampang. Ora cukup cepak kuping, wedang, lang gorengan. Ngrungoke lan nggateke bisa karo nglaras nanging ngematke nganti mudeng tenan.

Ukara-ukara sing ana rekaman ora gampang dingerteni karepe apa, amarga klebu urusan hukum lan politik. Ngrungoke rekaman wong padha omongan bisa wae ora rekasa, nanging sing nggoleki penjelasan kanggo mbukak kasus njlimet KPK lan Polri kudu ngati-ngati. Basa Jawa ora bisa diarani sepele nalika akeh wong nduwe karep nggoleki sapa sing bener lan sapa sing salah.

Dimuat di Suara Merdeka (8 November 2oo9)

Tidak ada komentar: